Kabudayan ing Daerahku
Omahku ing kampung
Kenteng Wonosobo. Ing kampungku ora akeh kabudayaane. Salah sijine yaiku acara maulid nabi lan nganakake dina kamerdekaan.
Acara maulid nabi, para
warga pada mele pengajian ing ngarep masjid Al-Hidayah. Saliyane pengajian,
para warga uga ngrungokake tausiyah. Biasane isine tausiyah, bab kelairan
Rasululah, utawa bab meneladani sifat kan becik Rasullulah. Pengejian dianakake
jam 8 esuk nganti jam 12 awan. Banjur para warga sholat dzuhur lan makan siang.
Sabanjure dianakake halal bihalal. Halal bihalal dilakokake kanggo silaturahmi.
Dina sadurunge acara dimulai, tenda wis dipersiapke. Tendane gedhe.
Saliyane Maulid Nabi,
ing kampungku uga dianakake dina kamerdekaan. Tanggal 17 Agustus, kampungku
nganakake kamerdekaan. Sing dianakake macem-macem. Ana maneka warna lomba utawa
kompetisi, uga ana pawai. Lomba sing dianakake yaiku, maca puisi, maca pidato,
UUD 45, proklamasi, pecah banyu, mlayu estafet lan saliyane. Lomba saliyane
bidang olahraga, pesertane yaiku bocah-bocah. Tanggal 16 Agustus, bocah-bocah
peserta lomba maca puisi, maca pidato, UUD 45, lan proklamasi pada latihan ing
omahe bu Kumpul, bu Kumpul yaiku warga kampong Kenteng kang pinter sastra.
Tanggal 17 Agustus,
bocah-bocah pada melu lomba. Pas esuk dianakeka lomba bab sastra. Peserta kudu
nganggo sragam sekolah lan kaos tangan putih. Lomba rampung jam 10. Banjur
dianakake lomba pecah banyu, mlayu estafet lan saliyane. Acarane ana ing
lapangan Kampung Kenteng. Lomba iki rame banget, lan nyenengake. Pas lomba, aku
melu maca puisi lan pecah banyu. Aku ora menang, nanging aku seneng wis melu
lomba. Sorene pengumuman lomba.
Tanggal 18 Agustus, ana
pawai. Costume werna-werna, apik, lan kreatif. Ana sek dadi nyi rara kidul, ana
sek macak tentara jaman biyen, ana sek dadi gondosuli, ana sek dadi peri, ada
drumband lan liya-liyane. Dina kuwi aku seneng banget.
No comments:
Post a Comment